Selasa, 16 Juli 2013

Resensi Buku Sawise Langite Katon Biru


Disini saya akan mencoba membuat resensi buku “Sawise Langite Katon Biru” menggunakan bahasa Jawa ngoko. Semoga bisa menjadikan pembaca tertarik membaca buku tersebut. :)

Judul               : Sawise Langite Katon Biru
Penerbit           : Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ)
Pengarang       : Yunani (Sri Wahyuni)
Tahun terbit     : Februari 2013 (cetakan kapisan)
Halaman          : 100 Halaman
Konflik antarane Rasa Tresna lan Wektu
            “Saben wektu, luwih-luwih yen cedhak panjenengan, atiku malah goreh lan sedhih. Bingung mikirake antarane katresnan lan dosa. Dosa banget lamun aku nresnani priya kang ora kena daktresnani. Apamaneh yen kuwi sawijining pengkiyanatan kang gedhe marang mbakyuku dhewe” –kutipan saka novel.
            Novel “Sawise Langite Katon Biru” kababar wujud crita sambung sing pernah ditulis dening Ibu Yunani ing Kalawati Jaya Baya Surabaya tahun 1978. Crita ing novel iki pancen nyritakake kenya ayu sing jenenge Retno sing nembe bisa ngrasakake pepadhanging donya sadurunge dheweke wuta. Ananging sajake Retno bisa weruh dheweke malah lali marang uripe kuwi. Sambung tresna sing dilakokake karo kang mas ipe nganthi gawe Retno lali marang pangurbanan mbakyune Endah. Napsu kanggo nresnani priyayi sing nembe dikenal kalah karo rasa tresnane marang mbakyune dhewe lan ora eling karo pangurbanan mbakyune kanggo dheweke.
            Konflik antarane tresna lan wektu gawe crita iki nggemesi para maos. Tresna sing tumukul antarane Retno karo Hendratmo telat, iku kabeh tukul sajake Endah arep nikah karo Hendratmo. Ora ana sing bisa nemtuake garise Gusti sing Maha Kuasa nanging wong kudu bisa matesi apa sing kudu dilakokake. Wong pancen ora oleh ngumbar kekarepane dhewe, wong kudu bisa njaga kekarepane menawa kuwi ala lan bisa nuwuhake tumindak dosa.
            Novel sing migunakake bahasa Jawa iki remen banget diwaca kanggo wong-wong Jawi umum nganti mahasiswa. Novel sing dikemas kanggo latar belakang agama Katolik iki ora ndadeake buku iki mung bisa diwaca karo para maos agami Katolik, nanging kabeh agami bisa olehe maca buku iki. Penulis olehe nyusun crita bisa gawe para moas ngrasakake langsung kedadean kedadean ing crita iku.
            Ananging kedadean puncake konflik ora patia gawe gregete ati. Penulis langsung ngrampungake konflik nganti singkat. Si Retno langsung mutusna kanggo dadi biarawati, sing ora dinyana ing akhir crita iki ibu lan eyange kaya-kaya bisa maklumi kesalahane Retno. Wektu Retno arep lunga menyang Jogja kanggo dadi biarawati, dheweke ora ngerti pamitan marang kaluwargane, dheweke namung ninggalake surat kanggo mbakyu lan eyange, sawetara iku Retno malah nemoni Hendratmo kanggo pamitan.
            Kandhane mbakyu Naila Abas, “sawise aku maca buku iki, aku bisa gawe kesimpulan buku iki kaya novelisasi sinetron.” Buku Sawise Langite Katon Biru emang gawe para maos ngrasake langsung rasa welas, jengkel lan gumun olehe maca buku iki. Para maos diadepi karo kekarepane manungsa sing angel mbedake antarane sing bener lan sing ala. Buku iki cocog banget kanggo pasinaon kita kabeh, amarga buku iki nampilake kisah sing situasine serba kangelan. Buku iki ora mung wenehake hiburan nanging wenehake pelajaran kanggo kita kabeh.

Tidak ada komentar :