Minggu, 21 April 2013

Serat Kagem Ibu RA Kartini



Katur dhateng Ibu , Ibu Kartini ingkang kinasih.
Bu, samenika tiyang estri sampun kathah ingkang nyambut damel, ananging ugi taksih kathah ingkang mboten saget nyambut damel amargi cumpen ing bab ilmu. Bu wiwit sedaya serat-seratipun ibu dipundadosaken buku, kathah tiyang-tiyang jawi  ingkang owah ing panganggepipun. Samenika kathah tiyang estri ingkang mboten namung wonten  griya ngopeni putra lan pawon kemawon, ananging samenika kathah tiyang estri langkung kathah ingkang saged makarya ing njawi. Nanging bu, tiyang estri ing kutha-kutha ageng kathah ingkang kesupen dhateng kuwajibanipun. Tuladhanipun tiyang estri ingkang saged nyambut damel ing kantoran kaladuk anggenipun ngupaya padamelanipun ngantos nglirwakaken dhateng garwa lan putranipun. Kados pundi bu, cara ingkang sae amrih tiyang estri ing jaman samenika sadhar dhateng kuwajibanipun malih?

 Bu, ing jaman samenika ugi kathah tumindak kadurjanan ingkang kurbanipun kathah tiyang estri. Tumindak durjana saged kadadosan ing pundi kemawon, andadosaken para tiyang estri punika tansah kaliput ing raos was sumelang. Pancen kedahipun, tiyang estri punika saged njagi dhiri pribadhi piyambak. Ananging sampun samesthinipun tiyang estri kedhah pikantuk pangayoman.
Tiyang estri, utaminipun tiyang jawi sampun samesthinipun kedah ngertos unggah-ungguh lan tata trapsila ingkang leres. Ananging prayanta sedaya kala wau ing jaman samenika sampun kalirwakaken dening para mudha. Nut lakuning jaman, owah gingsiring pagesangan ugi lumampah. Ing jaman ingkang sarwi modern punika, bab ingkang magepokan kaliya tata cara lan adat istiadat ingkang sampun wonten wiwit kala rumiyin sampun awis dipunangge malih. Amargi para mudha ngraos bab-bab ingkang kados punika sampun boten jumbuh kaliyan jaman samenika. Kamangka menawi dipunpenggalih, sedaya tatanan kala wau mesthi jumbuh ing jaman kapan kemawon lan ing pundi kemawon.
Mbok bilih para tiyang estri samenika sampun boten kemutan malih kaliyan kahanan nalika Ibu Kartini taksih sugeng rumiyin. Kados menapa winatesipun dados tiyang estri punika, kathah paugeran lan pantangan ingkang kedah dipuntaati. Ananging, sedaya dipunlampahi kanthi ikhlas boten wonten ingkang nyingkur. Ananging, kahanan menika suwalikipun kaliyan kahanan ing jaman samenika. Mbok menawi punika ingkang kawastanan owah gingsiring jaman.
Ing wasana mugi-mugi sedaya amal kasaenan lan sedaya karya saking ibu tansah dados pangemut-emut lan patuladhan kagem sinten kemawon. Nuwun

Semarang, 21 April 2013


                                                                                                                              Anisah Farah

Tidak ada komentar :