Selasa, 19 Maret 2013

Cerkak Ngapak "IBU"


Dening : Anisah Farah 

Ora kerasa jebul wis jam enem esuk, awit mau Asep digugah ora gelem tangi. Saiki malah Asep sing kocar-kacir dhewek. Asep langsung gagian adus, barang wis rapi kabeh Asep mudhun mengisor kanggo sarapan. Saiki wis jam enem luwih patang pulih menit. Neng umah kari ana Asep karo ibune. Bapak karo kakang-kakange wis padha mangkat kabeh. Lubar mangan ibune njaluk tulung maring Asep kanggo nggoleti kacamatane.
“Sep tulung goletna kacamatane ibu disit ya sedurunge mangkat. Ibu awit mau matane bureng, ora jelas kanggo weruh tulisan.”
“Lah...mengko Asep telat bu!” Asep mucu-mucu sewot.
“Sedelat bae sep, ibu kelalen ndokone neng endi.”
“Lah...Ibu ana-ana bae iz!”
Akhire Asep tetep nggoleti kacamatane ibune karo sewot-sewot. Wis sepuluh menitan Asep nggoleti kacamatane, tapi tetep bae ora ketemu. Akhire Asep jengkel maring ibune, soale dheweke wis telat mangkat sekolah.
“Wis lah bu, Asep pan mangkat sekolah! Ibu sih tengkulah kelalen ndokon kacamatane!”
Asep langsung metu umah karo ati sing nggrundel. Ibune mung bisa netesna banyu mata gara-gara omongane Asep sing kasar maring dheweke.
***
Barang anjog sekolah Asep esih bae sewot maring ibune. Jebule bocah-bocah durung padha manjing kelas, pelajaran durung dimule jare kancane guru-guru lagi ana rapat. Asep langsung kelingan wis nyalahna ibune nek Asep telat mlebu kelas.
Sawise ngenteni nganthi seprapat jam akhire pelajaran dimule. Asep ngikuti pelajaran kaya biasane, tapi atine Asep kaya ana sing ngganjel. Asep ora fokus ngikuti pelajaran nganthi bel istirahat moni. Asep biasane langsung ngacir maring kantin tapi dina kiye Asep malah neng njero kelas terus.
“Sep sep...metu yuh, kowen kenapas sih? Meriang apa? Awit mau ke meneng bae.”
Asep kaget, jebul  kancane ana sing ngajaki Asep ngaso. Asep mung nggelengna sirah karo njawab kancane seperlune.
“Lagi ora pengin, kowen metu dhewekan bae.”
Akhire kancane langsung metu kelas tanpa ngomong apa-apa maring Asep. Asep nglambrukna sirah neng nduwure meja karo ngelamun. Ora kerasa jebul Asep keturon neng kelas.
***
“Sep...Ibu tak lunga disit ya... kowe ati-ati neng umah. Nek ngelih, Ibu wis masakna kowen endog dadar karo jangan bayem kesenengane kowen.” Ibune Asep langsung ngelus-ngelus sirahe Asep.
“Ibu pan maring endi?” Asep takon maring ibune karo ngadeg neng tengah lawang.
“Ibu pan lunga adoh. Kowen aja lengusan ya dadi bocah lanang. Masa secuil-secuil mrengut, secuil-secuil sewot? Ora apik sep sifat sing kaya kuwe, ngerti sep?”
Asep mung manthuk tok krungu omongane ibune.
“Nah kaya ngono oh, kuwe tembe anake ibu.” Ibune Asep langsung mesem.
“Bu kapan ibu balik maning?” Asep takon maring ibune.
Ibune mung meneng tok ora jawab apa-apa, terus ibune langsung pamitan maring Asep.
“Wis ya ibu tak lunga disit, wis waktune ibu lunga.”
Asep langsung saliman karo ibune, barang ibune wis mlaku selangkah rong langkah, ujug-ujug Asep ngundang ibune maning.
“Bu mengko disit. Kacamatane ibu wis ketemu, sedelat ya Asep jukutna. Aja lunga disit.”
Asep langsung mlayu maring njero umah kanggo njukut kacamatane Ibune. Barang anjog ngarep umah jebul Ibune wis ora ana. Asep ngejar ibune, tapi ibune wis ora katon maning. Asep gemboran ngundang-ngundang ibune terus.
***
“Sep...sep...!”
Asep langsung tangi kekageten, matane Asep teles. Asep nembe nyadar nek dheweke keturon neng kelas.
“Kowen kenapa toh? Turu karo bengak bengok ‘Ibu-Ibu’ terus.” Kanca sebangkune Asep takon karo keder ndelengna Asep.
“Ora apa-apa. Mung mau mimpi ibune nyong tok. Eh wis bel manjing ya?”
“Uwis, nembe bae. Tinggal ngenteni pak Zaeni teka.”
Asep manthuk-manthuk karo ngucek-ngucek matane . Ora suwe akhire pak Zaeni teka.
“Assalamualaikum...” pak Zaeni ngucapna salam karo mlaku maring meja guru.
“Waalaikumsalam...” jawab bocah-bocah serentak.
“Cah saiki Bapak pan njelasna Cikal bakal manungsa awit saka getih nganthi segedhe kowen-kowen padha.”
Bocah-bocah katon serius nyimak gurune sing lagi ngomong.
“Ana neng surat Al-Mu’min ayat nem puluh pitu karo surat As Sajadah ayat pitu nganthi sepuluh, dijelasna proses terbentuke manungsa. Coba dibuka LKSe ya...”
Terus bocah-bocah padha mbuka LKS, bocah-bocah langsung padha mbaca. Bar rampung padha mbaca, pa Zaeni nerusna olih ngomong.
“Nah neng jaman saiki, neng dunia kedokteran wis terbukti nek kowen-kowen padha mbiyen  asale saka getih sing nggumpal selak suwe selak sempurna sampe akhire kowen-kowen padha lair neng dunia.”
“Berarti Al-Quran ora goroh cah, sing luwih penting maning Allah Maha Benar, Allah Maha Pencipta segala ana sing neng langit karo sing neng bumi. Subahanallah.”
Bocah-bocah padha manthuk-manthuk karo melu ngomong, “Subahanallah.”
“Lah saiki sapa sing wis nglairna kowen cah?” Pak Zaeni takon maring bocah-bocah.
Bocah-bocah langsung padha jawab, “Ibu...”
“Betul.! Kowen ngerti cah, mbiyen ibune kowen nglairna kowen kuwe taruhane nyawa. Bayangna cah, pas nglairna kowen larane kaya apa? Tapi Ibune kowen tetep berjuang kanggo kowen lair neng dunia. Pas kowen lair, ibumu ngarep eben kowen dadi anak sing berbakti karo wong tua, dadi bocah sing bisa dibanggakna wong tua.” Pak Zaeni mandeg sedelat olih ngomong.
“Makane cah, dadi bocah sing nurut karo wong tua, terutama Ibune kowen sing uwis nglairna kowen. Coba buka surat Al Israa’ ayat rong puluh telu. Neng kono dijelasna nek bocah kuwe ora olih ngomong ‘ah’ sekalipun maring wong tuane, walaupun wong tuane dhewek nggawe juwet dhewek. Dosa cah, apamaning nganthi mbentak Ibune. Bisa dadi bocah durhaka, bocah-bocah durhaka maring wong tua terutama Ibune bakal manjing neraka. Apa kowen kabeh pengin manjing neraka cah?” Pak Zaeni takon maring bocah-bocah.
Bocah-bocah padha serentak njawab, “emoh...”
“Yawes makane mule saiki sing nurut karo wong tua terutama ibune kowen padha. Nek dikongkon-kongkon sing ikhlas aja nggresula. Aja ngomong ‘lah, uh, ah’ sing kaya mau dijelasna neng surat Al-Israa’. Jelas cah?”
Bocah-bocah langsung padha manthuk. Neng pojok kelas, jebul Asep lagi nangis kelingan kedadean lagi esuk. Asep nduwe niat njaluk maap maring Ibune lubar balik sekolah.
Ora kerasa akhire jam balik sekolah moni, bocah-bocah langsung padha mlayu metu kelas. Asep ya langsung balik cepet-cepet balik maring umah.
***
Barang anjog umah, Asep langsung nggoleti Ibune. Ibune ora ana digoleti neng endi-endi, Asep kelingan mimpine lagi mau. Asep mikir nek Ibune temenan lunga saka umah. Akhire Asep langsung nangis sesenggukan neng ruang tamu.
Ora suwe jebul ibune Asep teka saka njaba, weruh Asep nangis ibune langsung keder. Asep sing weruh ibune, langsung mlayu marani ibune karo nyikep kenceng ibune.
“Iz...Asep kenapa? Mau ditakali kancane apa? Apa Asep tiba?” Takon ibune.
Asep sing ditakoni mung bisa gedheg-gedheg karo nangis. Ibune dadi tambah keder.
“Yawes saiki njagong ndisit neng kursi.” Ibune Asep nggandeng Asep kanggo njagong neng kursi.
Barang Asep wis lumayan tenang, dheweke langsung ngomog maring ibune, “ibu miki saka ngindi?”
“Ibu saka warung sep, tuku sayuran kanggo njangan bayem kesenengane kowen.”
Krungu omongane ibune, Asep tambah seru nangise. Ibune malah tambah keder.
“Asep kenapa?”
“Ibu aja lunga... ibu masakna Asep, soale ibu pan lunga oya? Asep njaluk maap bu, Asep janji ora bakal sewot-sewot maning karo ibu. Asep janji bakal dadi bocah sing apik bu. Tapi ibu aja lunga saka Asep.” Suara tangisane Asep tambah seru.
Ibune kaget krungu omongane anake sing paling mbontot kuwe. Ibune langsung ngelus sirahe Asep.
“Sep... sapa sing pan nenggalna kowen? Ibu ora ana niat kanggo nenggalna anak kesayangane ibu kiye. Ibu bakal ngancani Asep sampe Asep gedhe, sampe Asep wis ora mbutuhna ibu.”
Asep langsung ngomong, “emoh...pokoke ibu aja lunga saka Asep sampe Asep tua! Sampe kapanpun Asep bakal tetep mbutuhna ibu.” Asep terus nangis.
“Yawes ibu bakal karo Asep terus sampe Asep tua, tapi Asep janji ora nakal maning ya... Aja lengusan, aja gampang sewot.”
“Iya bu, Asep janji. Asep njaluk maap lagi esuk wis sewot-sewot maring ibu.” Suara tangise Asep wis ora sekenceng mau.
“Iya ibu wis maapna Asep kog. Ibu ora tau sewot karo Asep walaupun Asep nakal.” Ibune mung mesem karo ngelus-ngelus sirahe Asep.
“Saiki mana ganti klambi, terus masak bareng ibu ya... Sedelat maning bapak karo mbayune Asep balik kantor.”
“Iya bu....” Asep gembuyu karo langsung mlayu maring kamare.
 
TAMAT

Tidak ada komentar :