Rabu, 20 Maret 2013

Cerkak Ngapak "Mancing Iwak"


Dening : Anisah Farah

            Dina kiye langit katon cerah banget, kumbahane ibu nganthi pada garing. Biasane nganthi rong dina sampe telung dina kumbahan ora pada garing-garing. Rencanane engko sore aku karo kanca-kanca pan pada kumpul neng umahe Dika pan ngerjakna PR. Tapi kayane aku bakal telat kumpule, soale aku lagi nonggoni umah. Ibu karo bapak biasane balike jam papat sore.
            Barang bapak ibu wis balik kerja, aku langsung gagian maring umahe Dika. Aku numpak pit eben cepet anjog. Sawise anjog umahe Dika, jebul kanca-kanca wis pada mule nggarap PR saka bu guru. Aku akhire cepet-cepet mbuka buku lan ngikuti garapane kanca-kanca, barang wis sejaman ngerjakna tugas ibune Dika teka nggawakna nginungan karo jajan.
            Kita langsung pada nyerbu nginungan karo jajane. Pas lagi mangan jajan aku nduweni ide kanggo mancing neng kali mengko esuk, mumpung mengko esuk dina minggu dadi sekolah prei. Aku langsung ngomong karo kanca-kanca.
“Heh ngko esuk mancing yuh neng kali. Gelem ora?”
“Wah... Kayane seru kweh.” Celukane Rafi.
“Yuh yuh oh... Jam pira mar?” Takone Agam maring aku.
“Ya jam wolunan lah... Piwe.? Dika kayong meneng bae, gelem ora dik?”
“Iya aku gelem. Yawes berarti ngko esuk jam wolu ya....”
“Beres.” Suarane bocah-bocah bareng.
Ora suwe ana telepon saka ibuku, jebul aku dikongkon balik cepet. Soale lubar isya bapak karo ibu pan niliki bulik sing lagi babaran neng rumah sakit. Akhire aku pamit balik disitian maring kanca-kanca. Sepeluh menitan akhire aku anjog umah lan langsung siap-siap melu Ibu niliki bulik.
***
Esuke sekitar jam eneman aku njukut pancingan karo ember cilik neng mburi umah. Bapak weruh aku esuk-esuk grusak-grusuk neng mburi umah akhire takon maring aku.
“Luruh apa tong? Esuk-esuk wis grusukan neng kono.”
“Amar lagi nggoleti pancingan pak, mengko jam siji pan mancing karo kanca-kanca neng kali.”
“Walah... Ati-ati tong, mbokan banyu kaline banter aruse.”
“Iya pak... Bapak weruh pancingan sing neng kene ora.?” Takon aku maring Bapak.
“Oh... Lagi kae tak singkirna neng pojokan, coba goleti ya....”
Akhire pancingane ketemu, bapak langsung manjing umah kanggo medang karo mbaca koran dina minggu. Aku langsung mbeneri senar karo nggoleti cacing neng ngisore kandhang ayam. Barang wis agak suwe ublak-ublek neng mburi umah, aku didundang ibu dikongkon sarapan. Aku langsung manjing kanggo sarapan, sarapan neng dina minggu mesthi ponggol karo alu-alu. Ibu ora tau masak nek esuk-esuk, mesthi tuku terus neng yu Darmi.
Barang rampung mangan, aku langsung nyiap-nyiapna apa bae sing pan tak gawa mengko. Saiki jam setengah wolu, aku gagian mangkat ngampiri kanca-kanca. Sedurunge mangkat ibu nakoni aku pan maring ngendi esuk-esuk wis ucul. Aku jawab nek pan mancing karo kanca-kanca, ibu ngongkon ati-ati.
Pertama aku ngampiri Agam, tapi barang ngampiri Agam jebul Agam lagi watuk-watuk tur ora olih dolan-dolan disit karo ibune. Barang saka Agam aku ngampiri Rafi, lah Rafi ya jebul dikongkon ngrewangi ibune neng pasar. Akhire Rafi ora sida melu, harapane aku siji-sijine ya tninggal Dika. Tapi maning-maning Dika ora bisa melu, jare dina kiye Dika pan melu wong tuane maring umahe simbahe. Nek Dika ora melu jare bakal diganyami karo wong tuane.
“Mar maape ya, aku ora ngerti nek ibuku jebul dina kiye pan maring umahe simbah. Dadi aku ora bisa mancing disit, kapan-kapan bae ya. Lah liyane padha ngendi mar?”
“Liyane ya ora padha bisa jebule, yawis lah aku tak mancing dhewekan. Percuma ngajaki kowen-kowen padha!”
Aku jengkel nemen maring kanca-kanca ku, wong wis padha sepakat lagi wingi sore ka dadi ora bisa kabeh saiki. Akhire aku mangkat mancing dhewekan, sebenere ya males tapi wis kadung nggawa alat-alat pancing masa pan balik maning maring umah.
Barang anjog kali, aku langsung mudhun mengisor karo nggolet watu gedhe kanggo jagongan aku. Aku akhire mule mancing, aku nembe nyadar kali katon sepi nemen. Padahal kiye dina minggu, biasane akeh bocah-bocah padha adus-adusan neng kali tapi kog kiye malah sepi nemen. Limalas menitan aku mancing akhire aku olih iwak betik rada gedhe, iwake langsung tak wadahi ember sing wis tak wenehi banyu. Barang setengah jaman aku olih iwak maning, luwih gedhe saka iwak sing pertama.
Ujug-ujug langite katon mendung, tapi aku tetep bae nerusna mancing. Aku kepengin olih iwak sing luwih gedhe maning. Ora suwe jebul udan teka, udane ora terlalu gedhe tapi angine kenceng banget. Akhire aku mutusna kanggo balik maring umah, daripada mengko aku mriang. Aku menyat karo nggawa pancingan karo ember sing isine iwak, barang aku pan manjat mendhuwur jebul aku kepleset watu. Pancinganku mental maring banyu lah emberku tumplek kabeh, aku dhewek tiba njebur kali. Sedurunge aku kegawa arus, aku langsung nggolet cekelan oyot-oyot tanduran sing pating mrembet. Aku njajal manjat mendhuwur watu tapi ora bisa terus, watune lunyu banget tur banyu kaline lumayan kenceng aruse.
Aku gagian gemboran njaluk tulung mbokan ana wong lewat sing krungu suaraku. Aku tetep cekelan kenceng oyot tanduran kiye, soale nek aku ora nyekel oyot kiye aku bakal kegawa banyu. Aku mung ngarep ana wong sing bisa nolongi aku, aku nganthi nangis kelingan keputusane aku sing ora balik maning maring umah.
***
*Neng tempat liya, Agam, Rafi karo Dika lagi siap-siap pan nyusuli Amar neng kali.
“Udan oh akhire dik, kowen sih tengkulah pan ngerjani Amar. Melasi oh Amar dhewekan neng kali, udan-udan maning.”
“Wis keh meneng bae, tinggal nurut karo aku ka. Kowen wis gawa aci karo endog durung?”
“Wis kabeh, keh neng kresek.”
“Yawes yuh mangkat, payunge dianggo aja klalen ben ora kudanan.”
Akhire Agam, Rafi karo Dika mangkat maring kali kanggo nawuri Amar aci. Jebule dina kiye Amar ulang taun dadi Dika nduweni ide kanggo ngerjani Amar. Barang padha anjog kali, bocah telu malah keder bisane Amar ora katon neng kali.
“Dik, ganeng Amar laka?” Takon Rafi kalo ngileng mengisor kali.
“Iya yah, tapi mau Amar maring kali kog. Yakin sung.”
“Temenan ora kowen? Balik ndean bocahe.” Agam kayong ora yakin karo Dika.
“Temenan, wong miki Amar ora balik maning maring umahe barang ngampiri aku. Bocahe langsung bablas maring kali.”
Ujug-ujug Rafi gemboran, “loh kuwe kan ember sing mau digawa Amar!”
“Ihk...iya. bocahe ngendhi keh, duh jangan-jangan kegawa banyu! Goleti cepet goleti!”
Akhire bocah telu mau padha mudhun mengisor kanggo nggoleti Amar. Bocah-bocah padha mlaku alon-alon ben ora keplarak. Barang anjog mengisor, Dika krungu suara njaluk tulung. Dika langsung nggoleti suara mau, Dika kaget banget jebul kuwe suarane Amar sing lagi cekelan oyot sing katon lemes banget.  Dika langsung gemboran maring kanca-kancane kanggo nulungi Amar.
“Weh Amar neng kene! Cepet tulungi!”
Ora suwe akhire bocah-bocah padha nulungi Amar, saiki Amar wis ana neng nduwur watu-watu maning. Awake Amar katisen tur tangan lan sikile padha keriput gara-gara kesuwen neng banyu. Amar mung bisa nangis tok, kanca-kancane nganthi ngrasa bersalah nemen.
Singkat cerita Amar wis ana neng umahe Dika atik slimut kandel karo diwedangi jahe anget. Barang Amar wis mendhingan akhire Amar cerita maring kanca-kancane bisane dheweke nganthi kejegur kali. Kanca-kancane langsung njaluk maaf maring Amar, Dika njelasna nek Dika sing nduwe ide kanggo ngerjani Amar. Krungu penjelasane Dika, Amar wis ora sewot maning karo kanca-kancane. Akhire Amar lan kanca-kancane apikan maning kaya biasane.
TAMAT

Tidak ada komentar :